Nderek tepangan poro sederek sedoyo, nami kulo Ariyanti kelahiran tlatah Blora, Jawi Tengah.
Sak puniko cengkar dhateng Bekasi, sampun dangu mboten nyerat ngagem boso jawi alus.
Tlatah Blora niku sampun caket kaliyan Jawa Timur, sak mangke bosone nggih campuran boso jawi alus kaliyan boso jawa timuran (sik radi kasar). Sak puniko sampun kathah tiyang jawi sing mboten saged negndikan ngangge boso jawi, nopo malih nyerat ngangge aksoro jawi. Kados kulo niki contone, mulane kulo sak puniko pengen nyobi nyerat ngangge boso jawi alus.
Meniko bade pamer nek kulo taksih eling kosakata2 jawi, mbok bilih kathah sedherek kesupen:
anak kebo ==>gudel
anak sapi ==> pedhet
anak kucing ==> cemeng
anak cecak ==> sawiyah
anak gajah ==> bledug
anak pitik ==> kuthuk
anak bebek ==> meri
Tidak ada komentar:
Posting Komentar